MA Darus Salam – Gema Takbiran Idul Adha 2025 sudah mulai bersahutan, menggetarkan sanubari dan menyambut datangnya salah satu hari paling mulia dalam Islam: Hari Raya Idul Adha 1446 Hijriah, yang jatuh pada tahun 2025 Masehi. Momen ini bukan hanya sekadar perayaan tahunan, tapi juga puncak dari ibadah haji, serta momentum refleksi mendalam tentang makna pengorbanan, keikhlasan, dan kepedulian sosial.
Salah satu bagian tak terpisahkan dari pelaksanaan Shalat Idul Adha adalah khutbah Idul Adha. Khutbah ini bukan sekadar formalitas, melainkan wadah penyampaian pesan-pesan ilahiah yang mengandung hikmah, nasihat, dan pencerahan bagi seluruh jamaah. kami akan membahas secara komprehensif apa yang esensial dalam khutbah Idul Adha 2025, dengan Tema Khutbah Idul Adha 2025 Neladani Kesabaran Nabi Ibrahim lan Birrul Walidain Nabi Ismail
Struktur Umum Khutbah Idul Adha 2025
Khutbah Idul Adha, seperti khutbah Jumat, terdiri dari dua bagian utama yang dipisahkan dengan duduk sebentar.
A. Khutbah Pertama:
- Pembukaan (Mukaddimah): Dimulai dengan takbir (Allahu Akbar 9x), hamdalah, shalawat kepada Nabi Muhammad SAW, serta nasihat tentang takwa.
- Isi: Menguraikan kisah Nabi Ibrahim dan Nabi Ismail sebagai fondasi ibadah kurban. Menjelaskan makna keikhlasan dan ketundukan dalam konteks ujian hidup. Menekankan bahwa kurban adalah bukti ketaatan dan bukan sekadar ritual menyembelih hewan.
- Ajakan: Mengajak jamaah untuk meneladani keikhlasan dan ketaatan para Nabi, serta mengimplementasikannya dalam setiap aspek kehidupan.
B. Khutbah Kedua:
- Pembukaan (Mukaddimah): Dimulai dengan takbir (Allahu Akbar 7x), hamdalah, shalawat, dan nasihat takwa lanjutan.
- Isi: Menjabarkan hikmah dan manfaat ibadah kurban bagi individu dan masyarakat. Membahas aspek sosial dari kurban, yaitu kepedulian terhadap sesama, pemerataan rezeki, dan penguatan ukhuwah Islamiyah. Menyoroti pentingnya berbagi dan solidaritas di tengah tantangan zaman.
- Doa: Memanjatkan doa-doa untuk umat Islam, para pemimpin, bangsa dan negara, serta memohon ampunan dan rahmat dari Allah SWT. Doa adalah puncak dari khutbah, di mana jamaah mengaminkan dengan harapan dan keyakinan
KHUTBAH PERTAMA IDUL ADHA 2025 Bahasa Jawa
: اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
الْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَ أنْصَارِهِ وَ جُنُودِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ اَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى فى القُرانِ العَظيم بسم الله الرحمن الرحيم رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Jama’ah Idul Adha RahimakumulLah
Monggo kito sareng-sareng ningkataken raos takwo lan ajrih dumateng Gusti Allah, amergi saking takwo saget pikantuk ridone Gusti Allah lan nggayuh kabegjan dunyo akherat.
Pramilo, takwo niku dados punjere tiyang mukmin. Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten Kiamat.
Ugi, saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo saget mangertosi carane ngelampahi amal ibadah lan kesaenan, sehinggo kito sedoyo saget selamet dunyo akherat. Dinten sakmeniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim naliko diuji kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:
وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ
Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Nabi Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Nabi Ibrahim nindakaken kanti sempurno.Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh: janji ingsun ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim. (Al-Baqarah, 124)
Ayat meniko dipun pertelaaken ing tafsir Ibn Katsir lan tafsir Jalalain bilih maknane “kalimatin” meniko “aturane agomo” ingkang ngeliputi babakan perintah lan larangan. Tegese Nabi Ibrahim diuji Gusti Allah supados ninda’aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Salah setunggale perintah ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Hadirin Ingkang Minulyo Perintah mbeleh putrane piyambak niki dados ujian sabar kagem Nabi Ibrahim. Padahal Nabi Ibrahim dangu ngajeng-ngajeng sanget nggadah putro ingkang ngewarisi perjuangane.
Nabi Ibrahim ngantos ndungo:
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun panjenengan paringi kulo kalebet saking golongane tiyang shalih. Mongko ingsun (Allah) paring bebungah ing Nabi Ibrahim kelawan nggadah putro ingkang jembar dodone (sabar).
Wonten tafsir Baghowi “hab liy minas sholihin” dipun tafsiri:
يَعْنِي هَبْ لِي وَلَدًا صَالِحًا مِنَ الصَّالِحِينَ
Artosipun: kulo nyuwun panjenengan paringi putro ingkang shalih saking golongane tiyang-tiyang shalih.
Perintah mbeleh niki kaprahe abot sanget dipun laksana’aken kagem sinten kimawon, nopo maleh ingkang puluhan tahun mboten nggadah putro, ananging Nabi Ibrahim mboten kados ngoten.
Nabi Ibrahim dados kekasihe Gusti Allah ingkang nggadah kesabaran lan keyakinan mantep marang perintahe Gusti Allah.
Sinaoso mekaten, Nabi Ibrahim mbika’ komunikasi lan mirengaken pendapat putrane babakan impen mbeleh kasebat, ingkang naliko niku Nabi Ismail kinten-kinten yuswo pitu utawi telulas tahun. Peristiwa meniko dipun sebataken wonten surat Asshaaffat, 102:
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانظُرْ مَاذَا تَرَىٰ
Artosipun: Semangsane (Nabi Ismail) wis tekan umur iso mlaku bareng Nabi Ibrahim (abahe), Nabi Ibrahim dawuh, Hei anak cilik ingsun, saktemene ingsun ningali ingdalem impen, saktemene ingsun mbeleh siro. Mongko pikiren koyok opo pendapat siro.
Lajeng Nabi Ismail matur:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: Duh Bopo-ku, panjenengan tinda’aken nopo ingkang dipun perintahaken dumateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.
Kekalihipun pasrah, nampi perintahipun Gusti Allah lan nyerahaken perkawis ingkang diadepi dumateng Gusti Allah. Saking peristiwa niki, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail paring tulodo kagem kito sedoyo nalikane ngadepi ujian supados nggadah sifat sabar, ugi ngewangsulaken sedoyo perkawis dumateng Gusti Allah.
Mongko naliko kekalihipun pasrah, Nabi Ibrahim ngelumahaken Nabi Ismail ing pilingan, lan nyelehaken lading marang gulunipun, dumadakan Gusti Allah paring dawuh:
قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ، وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ
Artosipun: Saktemene siro wis mbeneraken ngimpi iku, saktemene ingkang koyok mengkunu Ingsun (Allah) paring walesan marang wong-wong kang ngelakoni kebagusan. Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) tebus kelawan sembelihan kang agung. (Assaffaat, 105-107)
Saklajenge dipun dugiaken mendho saking suwargo, supados dipun beleh. Mongko Nabi Ibrahim mbeleh mendho saking suwargo, minongko dados tebusane Nabi Ismail.
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ
Jamaah Idul Adha Ingkang dirahmati Allah
Monggo kito mundut tupo tulodo saking Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail. Kados pundi kekalihipun pasrah dumateng perintahipun Gusti Allah lan abote ujian nalikane diperintah ngurbanaken perkawis ingkang dipun demeni.
Salah setunggale tulodo saking Nabi Ibrahim nggih meniko tiyang sepah ingkang mboten goroh dumateng putra wayahipun lan paring kesempatan putrane damel mikir keputusane.
Mboten malah mekso putro wayahipun.Lajeng tulodo saking Nabi Ismail arupi ngabektine yugo dumateng romonipun ingkang kalebet birrul walidain, mboten mbantah, langkung-langkung kumowani.
Nabi Ismail nderek dawuh romonipun kranten yakin bilih romonipun angsal perintah saking Gusti Allah lewat impenan kang temen.
Pramilo, monggo kito sedoyo ingkang sepuh sageto mirengake pendapate putro wayah, ugi putro wayah sageto ngabekti hormat dumateng tiyang sepah.
Kranten ajining keluargo diukur saking welas asihe tiyang sepah lan ngabektine putro wayah. Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk pitulung lan rahmate Gusti Allah.
أَعُوْذُ بِا للهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. وَالْعَصْرِ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ باَ رَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ .إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
KHUTBAH DUA IDUL ADHA 2025 Bahasa Jawa
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثيْرًا أَمَّا بَعْدُ:
فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ تَكُوْنُوْا عِنْدَهُ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ الْفَائِزِيْنَ. وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلىَ خَاتَمِ النَّبِيّيْنَ وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ ، فَقَدْ أَمَرَكُمْ بِذَلِكَ الرَّبُّ الْكَرِيْمُ فَقَالَ سُبْحَانَهُ قَوْلاً كَرِيْمًا: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا .وَاْعلَمُوْا يَا إِخْوَانِي رَحِمَكُمُ اللهَ أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ، فَاشْكُرُوا اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيْرِ وَالتَّهْلِيْلِ إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ،
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ،وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَوَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ
